Pagelaran Wayang Wong

Pagelaran Wayang Wong Wayang uwong kuwi salah sijine jenis pementasan tradisonal ing Jawa. Wayang wong awujud gabungan saka seni drama kang ngerembaka ing negeri Eropa, seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa. Utamane wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainke utawa meranke wayang wong uga ngawa pakaian kang pada karo hiasan-hiasan sing dinggo wayang kulit. Miturut penuturan lan data saka dinas pariwisata Kotamadya Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptake Mangkunegara I kang dipunilhami saka seni drama Eropa. Wiwitan pementasan wayang wong di gelar ing Surakarta lan Yogyakarta. Wiwit ing sasi April 1868 yaiku Mangkunegara IV ngenekake acara khitan putrane. Taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari ing peresmianne ngadakake pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton karo warga sekitar. Pagelaran seni tradisional wayang wong iku pementasan eksklusif, gur digelar bangsawan ing keraton. Nanging, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi saiki. Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncaki nalika eneng kumpulan “Ngesti Pandowo” kang diperanke dening Sastrosabdo. Abad XVIII kang diperanke dening Mangkunegera I. Sakuwise kuwi pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit ora subur meneh ing Surakarta. Ananing nyang Yogyakarta isih eneng pagelaran wayang wong nganti taun 1881. Saka sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing uwes ana kanthi zaman mbiyen. Mbiyen namung bangsawan lan keraton sing isoh nonton pementasan wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong isoh nonton pemetasan wayang wong. Justru wayang wong kudu didelok lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita kudune terus mbudayakake budaya adat lan utamane wayang wong sing mbiyen ora subur supaya sakiki isoh subur maneh pementasanine.

Komentar